TRESNA LAN LAKU NGURI-URI BUDAYA JAWA

Penulis: Nunuk Wulandari, S.Pd. | 28 Jan 2026 | Pengunjung: 1413
Cover
Jenenge Raka Pradipta. Dheweke bocah lanang kelas pitu SMP sing manggon ing desa Sukamulyo, sawijining desa sing isih kukuh njaga adat lan budaya Jawa. Wiwit cilik, Raka wis kulina ngrungokake tembung-tembung pitutur saka wong tuwane lan simbah. Saka kono, rasa tresnane marang budaya Jawa wiwit tuwuh alon-alon.

Saben esuk, Raka tansah tangi luwih dhisik tinimbang adhine. Sawise adus lan siap-siap sekolah, dheweke mesthi nyuwun pamit marang bapak lan ibune nganggo basa krama. “Nuwun sewu, Pak, Bu, Raka bade kesah sekolah rumiyin,” ujare kanthi sopan. Wong tuwane mesem bangga amarga Raka wis bisa ngetrapake unggah-ungguh ing urip saben dina.

Ing sekolah, Raka kalebu siswa sing sregep lan andhap asor. Dheweke ora mung pinter ing pelajaran umum, nanging uga unggul ing pelajaran basa Jawa. Nalika guru nerangake aksara Jawa, Raka tansah ngrungokake kanthi temenan. Dheweke seneng nalika bisa maca lan nulis aksara Jawa kanthi bener, senadyan kadhangkala isih nemoni kangelan.

Nalika jam istirahat, kanca-kancane luwih seneng dolanan gawai utawa ngomongake game anyar. Nanging Raka ora tau ngremehake kanca-kancane mau. Dheweke tetep rukun lan ngajeni, amarga wis diwulang supaya tepa slira marang sapadha-padha. Yen ana kanca sing kepengin sinau aksara Jawa, Raka kanthi seneng ati gelem nuntun lan mbantu.

Saben dina Minggu sore, Raka mesthi melu latihan seni ing sanggar desa. Ing kana, dheweke sinau nari Gambyong, latihan tabuhan gamelan, lan kadhangkala uga sinau tembang macapat. Pelatih sanggar kerep menehi pitutur manawa seni tradhisional ora mung bab kaendahan, nanging uga ngemot nilai sabar, disiplin, lan kerjasama.

Nalika latihan rampung, Raka asring lungguh ing pendhapa sanggar bebarengan karo simbah. Simbah banjur nyritakake sejarah desa, asal-usul upacara adat, lan crita para leluhur sing biyen nguri-uri budaya kanthi laku urip kang becik. Crita-crita mau tansah dadi pepadhang kanggo Raka, amarga saka kono dheweke sinau ngenani jati diri minangka wong Jawa.

Nalika sekolah nganakake pagelaran seni lan budaya, Raka kapilih dadi salah siji siswa sing tampil nari lan maca tembang macapat. Nalika nganggo busana adat Jawa, Raka krasa bangga, nanging uga krasa duwe tanggung jawab gedhe. Ing panggung, dheweke nindakake pagelarane kanthi temenan lan ati kang tulus. Para guru lan wong tuwa sing nonton padha menehi aplaus meriah.

Sawise pagelaran rampung, gurune maringi piwulang marang para siswa
yen budaya Jawa ora bakal lestari yen generasi mudha ora gelem nguri-uri. Tembung-tembung mau saya nguuhake tekade Raka. Dheweke janji marang awake dhewe bakal tetep njaga lan ngembangake budaya Jawa, sanajan jaman terus owah.

Raka percaya yen tresna marang budaya ora mung katon saka sandhangan utawa pagelaran, nanging saka sikap lan tumindak saben dina. Kanthi njaga unggah-ungguh, tepa slira, lan ngajeni tradhisi, Raka ngarep-arep bisa dadi bocah Jawa sing migunani tumrap masyarakat lan bangsane.

Tresnane Raka marang budaya Jawa dadi tuladha yen saka bocah cilik, budaya bisa tetep urip lan lestari nganti tekan generasi sabanjure.


Jawablah pertanyaan di bawah ini!
1. Analisisna sipat lan tumindak Raka sing nuduhake yen dheweke pancen tresna marang budaya Jawa. Wenehana tuladha saka crita!
2. Miturut panemumu, apa tumindake Raka wis cukup kanggo nguri-uri budaya Jawa ing jaman saiki? Jelaskna alesane!
3. Bandhingna sikape Raka karo kanca-kancane sing luwih seneng main gawai. Sikap endi sing luwih nggambarake bocah sing nduweni jati diri budaya? Napa?
4.Yen kowe dadi Raka, kegiatan anyar apa sing bakal kokgawe kanggo ngenalake budaya Jawa marang kanca-kanca sekolahmu?
5.Gawea gagasan utawa crita cekak sing nuduhake peran bocah sekolah ing nguri-uri budaya Jawa ing lingkunganmu dhewe!

Komentar

Hafidss ganteng 2026-01-29 00:31:32

Ceritanya sangat bagus sampai saya tergila- gila

Zaki 9h 2026-01-29 00:31:06

Aku seneng crito iki amaregi apik lan gampqng di pahami

Gilang telolet 2026-01-29 00:25:54

Sangat bagus

Wildan fadhil 7c 2026-01-29 00:24:56

Sangat bagus dan cantik seperti saya Wildan

kancil 2026-01-29 00:24:47

mbg makan bergizi geratis

Gilang 7c 2026-01-29 00:23:53

Sangat bagus cantik seperti saya Gilang 7c

kancil KRT 2026-01-29 00:23:18

wes jos tapi kurang sip

kancil KRT 2026-01-29 00:23:11

wes jos tapi kurang sip

kancil KRT 2026-01-29 00:23:10

wes jos tapi kurang sip

kancil KRT 2026-01-29 00:23:06

wes jos tapi kurang sip

alif rega 2026-01-29 00:21:57

aku suka

Wildan ses 2026-01-29 00:21:29

Sangat bagus dan bagus sekali

Wildan 7c 2026-01-29 00:20:00

Sangat bagus dan cantik

Wildan 7c 2026-01-29 00:19:49

Sangat bagusss

bara alferedaa setyaa adinataa 2026-01-29 00:19:25

membawa ilusii yangg mendalammm

Tama 7c 2026-01-29 00:19:17

Sangat bagus

abraham 7c 2026-01-29 00:19:06

bagus sekali

Gilang 7c 2026-01-29 00:17:57

Sangat bagus

hy 2026-01-29 00:17:34

bagus... cocok dibaca anak smp

boosscuuu 2026-01-29 00:16:35

wow keren banget brow.....

KHALID 2026-01-29 00:12:36

selamat membaca

KHALID 2026-01-29 00:12:20

selamat membaca

David 9c 2026-01-29 00:10:52

Sangat bagus

Zeka 2026-01-29 00:02:22

Pertama

← Kembali ke Daftar Artikel